Sabtu, 15 Juni 2013

20.24


Oleh: Kurnia Rahayu

Dikutip dari Jaka Lodhang




           
            “Horre aku lulus,.......horre aku ketampa,......horre aku dadi CPNS,.......horre !!!!!!” aku terus wae jingkrak-jingkrak muter-muter sakitere mobilku. Mobil semi anyar sing ditukokake Tante Maya. Siji loro wong-wong sakiterku, mligine sing padha rebutan tuku koran sing ana pengumuman hasil ujian CPNS, ana sing padha nggatekake polahku, solah bawaku, malah ana sing gadhag-gedheg, ayake ngira yen aku iki wis edan. Dene para peserta ujian sing nomere ora kecantum ana koran terus padha meneng, malah akeh uga sing terus lunga, nglungani aku, nglungani bakul koran, sing terus nawakake daganganane.




            Sapa wonge sing ora seneng, lulus, nomere ujian kacetha ana ing koran, surat kabar sing terbit dina iku. Sawise ana 3 puteran, nembe aku nglenggana yen solah bawaku mau kaya wong edan, koran dakwaca maneh. Nyatane nomer ujian CPNSku kacantum.




            “Alhamdulillah, muji syukur Gusti dene kula saged lulus saking ujian CPNS,” aku banjur sujud syukur ana sangarepe mobilku ping 3. Rampung sujud syukur, sajadahe koran sing isi pengumuman, aku nyawang kanthi tajem mobilku, aku dadi ngrasa kebak dosa.




            “Selamat anda ditempatkan di kota Kripik Banyumas!!!” Kepala Kopertis DR Sukaryo,MPd nyalami aku sawise nampa SK Pengangkatan lan uga Surat Tugas. Piyayi setengah umur iku malah ngrangkul aku kebak katresnan. DR Sukaryo,MPd ana ing sambutane menyang 48 CPNS Dosen Kopertis wilayah V sing nembe diangkat lan nampa surat tugas, ngendika kajaba selamat oleh SK, selamat oleh tugas, lan uga ngendika jare aku dhewe sing paling tuwa, umurku meh 35 taun, kanca-kanca rata-rata sangisore 30 taun. Kabeh ijasahe S2 FKIP PT, PT sing sumebar ing PT swastasa Jawa Tengah.




            Saka Semarang aku bablas mulih menyang desa kelairanku Bengking, Jatinom, Klaten. Bapak Ibuku wis seda, mung kari kangmas lan adhi-adhiku, kangmasku Suwanto Guru SD, adhik-adhikku ana 3 kabeh guru, Suwanti Guru salah siji SMP ing Jatinom, Suwarti Guru TK sing melu Depag, dene Suwasto sing ragilsing  umure 29 taun Guru SD ana ing Delanggu. Kabeh wis PNS. Suwanti wis duwe momongan 3, mbarepe wis SMP, Suwarti momongane arep 3 mbarepe arep kelas 6 SD, Suwasto dhewe momongane arep 2, mbarepe arep kelas 2 SD. Mas Suwanto putrane 4, malah wis ana sing perguruan tinggi. Aku dhewe anak nomer 2 sing isih “jaka” sing durung duwe sisihan apamaneh anak.




            Lulus SMA sawise Bapak Ibu seda gerah DB aku menyang Jakarta. Sajane sadurunge Bapak Ibu seda aku supaya nerusake kuliah ana ing Solo apa Yogya. Nanging kahanan nemtokake seje, Bapak lan Ibu seda meh bareng sawise dirawat ana ing Rumah S akit Mardi Waluyo Klaten. Lungaku mung los ngono wae, ora ngerti arep kerja apa, lan sapa sing dinunuti, sing penting aku numpak sepur lunga menyang Jakarta, golek gaweyan.




            “Nun sewu nakmas badhe mandhap pundi?” Ngono sawijining ibu takon menyang aku sajroning sepur Gaya Baru, Surabaya-Jakarta sing ditumpaki saka Klaten. Aku ora wangsulan mung ngulungake karcis sing daktuku mau ana stasiun.




            “Oh, nggih Jatinegara sareng kula, kula nggih mandhap teng Jatinegara!” Aku mung manthuk. Inu sing nyeluk nakmas menyang aku, sore iku nganggo klambi brukat ijo ndhuwurane, lan ngisore jarik bathik rujak senthe latar ireng terus ngethuprus yen omahe Delanggu. Ana ing Jakarta duwe omah ana ing Jl Cucak Rawa 22 Bukit Duri Puteran Jatinegara.




            “Lah,.......teng Jakarta daleme sinten ingkang badhe pun tuju?” Pitakone Ibu sing ngaku asma Purwati iku. Aku gedheg, Bu Purwati terus nyawang aku.




            “Panjenengan saweg sisah nggih........nggih pangapunten menawi kula kathah pitaken!”




            “Nembe kecalan pacar nggih?” Aku gedheg.




            “Mboten lulus ujian nggih?” Aku gedheg.




            “Keluwaraga seda?” Aku manthuk.




            “Kangmas, mbakyu, bapak napa ibu?” Krungu tembung bapak lan ibu aku banjur gelem semaur, wangsulan.




            “Bapak lan Ibu, bu?”




            “Oh, nganten...nyun sewu kula ndherek bela sungkawa nggih!” Aku manthuk, aku diulungi permen daktampani. Sing aku ora ngerti lan uga dakrasa aneh, sawise aku nampa permen lan dakemplok, rasane manis. Ora suwe sirahku krasa kliyeng-klinyeng, daksawang kok Bu Purwati katon ayu, kewes, eseme ngujiwat, apamaneh peningale terus nyawang aku. Wong sagerbong dakrasa ora ana sing nggatekake rembug lan solah bawane aku wong sakloron, ayake ngira yen aku karo Bu Purwati amarga numpak sepur bareng saka stasiun Klaten, keluwarga.




            “Kula teng Jakarta, mboten wonten ingkang dipun tuju Bu?” Iku tembungku menyang Bu Purwati, dheweke manthuk-manthuk, eseme terus ngrenggani pasuryane sing terus nyawang aku.




            Klaten-Jatinegara ing wektu luwih saka 10 jam, jam 03.00 sore tekan jam 01.00 bengi dina candhake mung crita ngalor ngidul bab panguripanku, keluwargaku, aku ora kober takon kepriye sajane Bu Purwati sing bengi iku katon ayu, semanak, akeh takone, wis apa-apane, sarwa-sarwine katon ngresepake. Bengi iku sidane aku nginep omahe Bu Purwati.




            Mung butuh wektu 3 sasi aku bisa nyopir kanthi trampil ana daleme Bu Purwati. Daleme tingkat 3. Uripku kaya ngimpi sarwa dimulyakake Bu Purwati. Bab nyandhang, mangan sarwa istimewa. Saben sasi aku kirim dhuwit menyang ngomah, ora tau aku nyantumake alamat sing cetha. Dhuwit iku dakalamatake Mas Suwanto kanthi pesen, kanggo biaya sekolah adhik-adhikku. Kajaba ora oleh crita alamat manggonku, aku uga ora oleh crita kerja apa. Kerjaku mung rana-rene, ngalor ngidul nyopiri mobile Bu Purwati. Siji maneh aku ora perlu ngerti sapa kakunge Bu Purwati, sing penting jare uripku kepenak.




            “Hallo...........,”ngono saben-saben ketemu wong wadon sing umure sabarakane Bu Purwati. Bu Endang, Bu Alex, Bu Mince, lan bu sapa maneh ora penting kanggoku ngapalke, wong jeneng mau jeneng singlon, sing penting aku siaga nampa dhawuh saka Bu Purwati kanggo nyenengake tamune Bu Purwati. Sing arane lokawisata Puncak aku apal, Cibodas, Cipanas, Pelabuhan Ratu, lan tempat-tempat wisata ing Jawa Barat, meh kemput.




            “Mas Johan kudu bisa nyenengake atine ibu-ibu tamuku, kaya Mas Johan nyenengake awakku,” ngono w elinge Bu Purwati sing wis ora kersa di sebut Bu, kersane di sebut Dhiajeng Pur. Aku ngiyani wae, sing penting kabeh butuhku lan butuhe sadulurku kacukupan, saben-saben aku kirim dhuwit mesthi weling yen dhuwit iku kanggo biaya sekolah, syukur bisa tekn PT. Menawa luwih kanggo biaya ngomah.




            Saben dina aku dikon nginum jamu, sing disedhiyakake Dhiajeng Pur. Omahe gedhong tingkat 3 iku mujudake papan uripku, swargaku. Dening Dhiajeng Pur uga dikon kuliah maneh, kuliahe bengi Sabtu Minggu. Mung 5 taun aku bisa nggondhol S1 Kependidikan, taun candhake ditawani S2, ora daktolak. S2 butuh wektu 3 taun. Aku ora tau ninggalake tugass-tugas saka Dhiajeng Pur, nganti umurku meh 35 taun.




            “Mas, apa kersa panjenengan metu saka daleme Mbak Pur,”ngono cluluke Bu Maya menyang aku nalika lagi nginep ana ing sawijining hotel ing Puncak, cedhak kebon teh.




            Bu Maya crita yen sajane Dhiajeng Purwati iku mbakyune, yuswane wis luwih saka 50 taun, senajan slirane isih katon weweg isi. Kabeh pelangganku ora tau crita bab pribadhi, ning bareng Bu Maya kok kersa crita ngono.




            “Mengko panjenengan kersa metu saka daleme Mbak Pur, wis peken kabeh apa sing ana ing awakku iki, kalebu bandha dunyaku, kalebu hotel iki, umurku isih 30 taun, aku butuh priya sing nggantheng kaya Mas Johan, wis kasembadan, nanging mung jajan, ora bisa nguwasani sakabehane, aku pengen nguwasani Mas Johan jiwa raga wutuh, aku kepingen duwe turunan saka Mas Johan!” Tekan semono Bu Maya ngguguk nangis ngrangkul awakku, kenceng-kenceng banget.




            “Wis yen panjenengan kersa mengko daktembunge Mbak Pur, Mas Johan arep daksuwun!” Aku crita werna-werna, aku iki wis duweke Dhiajeng Pur, Purwati. Aku iki wis ora bapak ora ibu, keluwargaku kabeh bisa sekolah bisa dadi guru lan PNS amarga saka Dhiajeng Pur, kok arep ngliya, senajan iku rayine.




            “Ngene wae ......sawektu-wektu butuh aku siaga, apa durung marem?”Wis mbuh apa bae alasanku kanggo nolak niyate Bu Maya arep nguwasani aku sawutuhe tetep ora ditampa, Bu Maya meksa aku kudu dadi darbeke. Malah seminggu saka iku Bu Maya nginep maneh karo aku ana ing salah sijine hotel ing Cipanas.




            “Wis dipenggalih Mas Johan, mobil sing awake dhewe tumpaki iki wis duwekmu?” Ngono cluluke Bu Maya nalika lagi bebarengan ana ing kamar 235.




            Wis 20 taun dina manggon ana ing Rumah Tahanan ing Bogor. Wah kayangapa kaget awakku, biasa manggon ing hotel-hotel, omah-omah loteng. Kok manggon ing RT sing pengap iku. Masalahe aku dening pulisi dikira mateni Bu Maya, wah ora bisa crita kabeh solah bawane oknum pulisi sing mriksa aku, meh kabeh ora nyenengake awakku. Kabeh mojokake yen sing mateni Bu Maya, sing jenasahe ditemokake ana ing sawijing jurang ing cedhak Cisarua iku aku. Tetep senajan aku nganti diperjaya dening petugas, tetep aku ora gelem ngaku, wong nyatane ora. Nyatane dina ke 21 aku dilepas.




            “Ooo, Mas Johan to......menika titipan kunci saking Bu Pur, keng garwa wonten urusan kalih ingkang berwajib, pulisi!” Ngono Bu Purwito, salah sijine tanggane Dhiajeng Pur ing Jl Cucakrawa. Kunci sagombyok daktampani. Meh sawengi aku turu ijen ana kamar. Kadhang-kadhang ana langgananku  sing nelpon ajak metu nanging daktolak. Aku lagi “berduka”. Telung dina saka iku aku mulih menyang Klaten, kayangapa bungahe sedulurku kabeh aku bisa mulih, mangka sawise adhik-adhikku dadi sarjana lan bisa kerja aku wis tau ngabari, lan uga wis ora tau ngrimi dhuwit.




            “Dhik.....sliramu wis dianggep ilang, ha, ha, ha!” Ngono cluluke Mas Suwanto kangmasku sing mbarep.




            “Ngono riwayat hidupku Bu?” Crita ing ndhuwur mau critaku  menyang Dra Rahayu Kusumaningsih, MPd kawentare Bu Yayu salah sijine dosen ing PT sing uga panggonanku kerja.




            “Ngene Mas Johan, pareng ta ngaturi kangmas panjenengan?” Aku manthuk, Bu Yayu mesem manis banget, kaya eseme Bu Pur lagi nang sepur Klaten-Jakarta.




            “Mas Johan tresnaku menyang Mas ora arep nyawang tabir wuri wong sing tresnani, tresnaku tulusing ati............kersa Mas Johan nampani tresnaku!” Bu yayu ngulungake astane sing alus, dakgegem kenceng, kenceng banget, dakanthuki kanthi tumetesing luh saka mripatku, mripat jaka tuwa sing blepotan dosa, saka dosa mau aku duwe mobil, duwe omah, lan uga bisa duwe title MPd.




            “Ora ngajog nresnani aku dhiajeng?” Bu Yayu nyawang aku, aku nyawang dheweke kang uga wis kebak eluh paningale, ora gantalan suwe angga kang weweg isi, kanthi ganda kang arum ambalabar, wektu semono ngagem ndhuwurane pink, ngisorane soklat, ambyur ing dhadhaku. Mingsek-mingsek...................




            Ora ana 2 sasi aku pacaran karo Dhiajeng Rahayu Kusumaningsih, sing wis lola-lali amarga bapak lan ibune seda ing prastawa lindhu Yogya Maret 2006 sidane ijab qobul ing ngarepe Penghulu KUA Kembaran kanthi climen. Malah waline wali hakim ya Pak Penghulu KUA iku. Ing bengi-bengi kapisan jaka tuwa sing blepotan dosa iki ngrasakake yen Dhiajeng Rahayu Kusumaningsih tresnane marang aku suci, tur Bu Yayu ya isih suci. 
           “Bu Yayu Pancen Ayu!

0 komentar:

Posting Komentar