Pak Lurah Hadi
Sutrisno arep kagungan kersa jangkep sewu dinten sedanipun bapaknipun. Ing dina
Senin Kliwon tanggal 15 Agustus 2011 jam 10.00 enjing. Sore iku Dedi salah
sawijining nom-noman ing desa kuwi didhawuhi Pak Lurah atur-atur kenduri marang
tangga teparo asmane Pak Tomo.
Dedi : “Kula nuwun...........!”
Sugeng sonten, Pak.
Pak
Tomo : Sugeng sonten. O, Nak Dedi.
Mangga, mangga, mlebu dene, Nak! Kene-kene
lungguh kene!”
Dedi : “ Inggih, matur nuwun.”
Pak
Tomo : “Ana apa Nak Ded, kok sajak
katon wigati temenan? Lak ya padha slamet ta, Nak?”
Dedi : “Alhamdulillah Pak,
pangestunipun. Mugi-mugi Bapak sakulawarga inggih
mekaten.”
Pak
Tomo : “Amin, matur nuwun.”
Dedi : “Mekaten Pak, sowan kula
mriki, sepindah kula silaturahmi nyambet
pasedherekan ingkang dene ingkang kaping
kalih wigatosipun sowan kula
amargi dipun utus Bapak Lurah, mbok bilih
Bapak Tomo mboten manggih
alangan satunggal menapa, benjang sonten
dinten Senin Kliwon yuswa
kaping gangsalwelas, wulan Agustus, taun
kalihewu sewelas, jam sedasa
enjing. Bapak dipun aturi rawuh wonten
dalemipun Bapak Lurah Hadi
Sutrisno, saperlu lenggah kendhuri pengetan
jangkep sewu dinten sedanipun
Bapakipun.”
Pak
Tomo : “Iya Nak, aturmu taktampa. Diaturake
marang Pak Lurah Hadi Sutrisno, aku
ngaturake agunging panuwun lan muga-muga
ora ana alangan sawiji apa,
saengga aku bisa sowan.”
Dedi : “Inggih, Pak mangke kula
aturaken. Awit taksih kathah jejibahan ingkang
dereng cekap, pramila kula badhe nyuwun
pamit. Mbok bilih anggen kula
matur kathah kalepatan lan kirang suba sita,
kula nyuwun agunging
pangapunten. Keparenga kula nyuwun pamit,
badhe nglajengaken lampah.”
Pak
Tomo : “Ya Nak, ndherekake."
By: Kurnia Rahayu
0 komentar:
Posting Komentar