Sabtu, 15 Juni 2013

20.34
Oleh: Kurnia Rahayu



Tetep Dadi PNS

“P
iye Tum? Bojomu tetep krasan dadi PNS?” sanadyan dijedhorake nganggo  pitakon, ukara mau krasa nyamber-nyamber dhadha krempenge Sulamin. Nom-noman patang puluan taun mau mung bisa unjal ambegan. Nyawang Tumini, sisihane sing mripate katon ngendhelong. Batine, apa sing dipikir abot saka ngomah kadadeyan temenan. Seminggu kepungkur, nalika rasan-rasan ana ruwang tamu ukuran 2 ping 3 m, ukuran omah type 21 sisihane wis menehi perlambang. Rasa gojag-gajege arep mulih kaya-kaya nyegat saben jumangkah.
Saben arep mulih ndesa rasane kok mesthi ngene ya Tum! Kudune lak ya ayem. Ketemu sedulur, ketemu kanca-kanca. Karepe mono, wis meh setaunan ora ketemu, bisa ketemu lak ya klebu kabegjan,” karo nyawang sisihane sing janggute ana andheng-andhenge Sulamin nunggu sauran.
“Ya pancen mangkono Mas, ukurane wong saiki pancen bandha, bandha lan bandha...” rasa mangkele kawetu. “Yen wis numpak mobil, teka wae disubya-subya. Yen mlaku mudhun saka kaya awake dhewe, ora ana sing nggape. Kamangka, akeh wong numpak mobil, nanging mobil rentalan ta Mas?” Tumini nyoba nggathukake rembug. Sulamin mesem.
“Mikirku ya ngono Tum, cilakane malah ana sing nduwe mobil, nanging cethile pol! Kamangka mobil olehe kasil saka mark-up proyek, ngrekadaya anggaran, tunggale korupsi,” rasa mangkele kudu diuculake.
“Tum?” simbokne mbaleni takon, rumangsa ora digatekake.
“Aku rumangsa tentrem mangkene Mbok. Timbang korupsi, ngerti-ngerti mlebu kunjara. Lak wis akeh conto ta Mbok, nalika dadi pejabat pethentheng-pethentheng. Bareng lengser banjur digaruk polisi”.
“Ya wis Ndhuk, kabeh sing nglakoni kowe, bojomu lan anak-anakmu,” semaure isih sumlekit.
Keprungu mangkono simboke ora kemecap. Mripate nyawang anak-anak liyane sing kepetung sukses. Ukurane gampang, mulih nggawa mobil. Let limang menit simboke jumangkah menyang teras omah sing kempling merga keramik. Nyawang telung mobil pating jlentrek. Atase mung bakul bakso lan bakmi, jebule bisa nggawe omah rega atusan yuta ana kampung. Disewakake sisan. Banjur Sulamin lan Tumini?! Ketoke nganggo seragam gagah mentereng saben ndina, nanging saben mulih ndesa isih gendheyotan, nrethek munggah mudhun bis.
Kadadeyan setaun kepungkur sajake tansah ngunceki pikirane Tumini lan Sulaimin. Mula, nekad ora nekad bakda iku kudu mulih kampung. Loro-lorone sarujuk golek rentalan mobil rega limang atusan sing bisa disewa rong ndina. Kareben rada gagah lan kajen.
Karo Pak Sopir sing wis dikenal apik, limang jam saka kutha mobil rentalan mau wus muntup-muntup ana sangarepe omahe simbokne.
“Gas e di cilikke Mas, simbokku ben rada kaget, yen aku kasil nggawa mobil. Sanadyan mobil sewan. Wong tuwa yen nduwe karep lak aneh-aneh ta Mas. Sapa ngerti liya dina aku nyewa pesawat terbang ya Mas?”.
Karo mateni mesin mobil sopire mung mesem. Pak Sulamin pancen lucu, mangkono batine. Mudhun saka mobil, kaya nasib priyayi agung. Simbok lan pembantune gage-gage olehe mapag. Praupane sumringah. Plengah-plengeh.
“Geneya nggawa mobil dhewe Tum?” pitakone grapyak semanak.
“Nasib Mbok, sok ana ndhuwur, sok ana ngisor. Saiki numpak mobil. Suk bakda mburi bisa pesawat, bisa bajay..,” godhane Tumini sa kecekele. “Aja guyon Tum, disyukuri,” pituture luwes. Sak klebat Tumini nyawang Sulamin sing mesam-mesem nggeret tas gedhe sing bisa ngglindhing kaya gayane artis mudhik mudhun ing bandara.
Sulamin lan bojone banjur ditari kepengin ngombe apa. Ana kopi, jahe lan orson. Sulamin mung njawab: napa-napa purun. Let limang menit nyusul ditawani mangan. Ana opor, gule lan sate. Wah, kaya raja dadakan.
Pancen mangkono kahanan sing kumlebat ana panggonan maratuwane. Kaya wong liyane, kabeh padha nguja aweh pangaji marang gebyare lair. Ora peduli gebyar mau sing golek saka ngendi.
“Kang  Parno, Kang Dibyo, Kang Naryo ana ngendi Mbok?” Mosok bakda gedhe ya durung teka?” pitakon sing diampet kapeksa metu. Simbokne manglung.
“Sa jam maneh. Mau aweh kabar lewat sms wis tekan Kartosuro. Telu-telune nggowo mobil rental” semaure sumedhot. Kesawang gela. Tumini njenggirat kaget.
“Lha mobile padha menyang ngendi Mbok?” pitakone Tumini krasa atos. Ora ana jawaban sing maton. Bareng ngulu idu, kanthi alon-alon lan kebak pitutur simbokne nyoba mangsuli: “Ya ngono nasibe wong swasta. Ora bisa dijagakake Ndhuk”.
Sulamin lan Tumini manthuk-manthuk. Ngantepi panemune simbokne. “Isih bejo awakmu. Sanadyan kasile ajeg nanging sithik-sithik bisa nglumpuk” bacute simbokne gawe lega. “Malah saiki bisa mulih karo mobil barang”.
Sulamin lan Tumini trenyuh. Batine, aja nganti simbokne ngerti yen mobile sing digawa mulih mung mobil rentalan.
“Kana, ndang mangan-mangan dhisik, yen nunggu Kangmasmu suwe mengko”.
Tumini nggandheng Sulamin lan anake gunggung loro. Tumuju meja amba sing kebak cawisan. Nalika jumangkahe ngliwati tembok cedhak televisi, Sulamin nyawang fotone awake sa tleraman. Foto sepuluh taun kepungkur nalika isih gagah. Nalika satus persene minangka pegawe negeri wis kagegem. Nganggo klambi Korpri sisan. Sadhet banjur tumancep ing pikiran ukarane simbokne: Bojomu isih krasan dadi PNS?
“Krasan tekan pensiun Mbok!” semaure. Gumathok mantep ing dhadhane.

{Sumber : “Kedaulatan Rakyat” Minggu Pahing 26 September 2010 (17 Sawal 1943) }
Penulis Guru SMK Negeri 7 Jl. Simpanglima, Semarang 50241

Unsur Intrinsik
1.      Judul               : Tetep Dadi PNS
  1. Ringkesan       : Tumini duwe bojo PNS jenege Sulamin. Simbokne pengen anak-anake padha sukses, ukurane mulih gawa mobil. Tumini lan Sulamin nekad bakda iki kudu mulih kampung. Loro-lorone sarujuk golek rentalan mobil rega limang atusan sing bisa disewa rong ndina. Kareben rada gagah lan kajen. Simbokne seneng bakda iki Tumini bisa mulih nggawa mobil terus ditawari ngombe ana kopi, jahe lan orson. Sulamin jawab opo wae gelem. Let limang  menit nyusul ditawani mangan ana opor, gule lan sate. Tumini takon kangmase padha nang ngendi mosok bakda gedhe rung teka, mbokne jawab mau aweh kabar lewat sms wis tekan Kartasura, telu-telune pada nggawa mobil rental. Simbokne banjur ngomong karo Tumini, isih bejo awakmu sanadyan kasile ajeg nanging sithik-sithik bisa nglumpuk. Sulamin lan Tumini trenyuh, aja nganti simbokne ngerti yen mobile sing di gawa mulih mung mobil rentalan. Simbokne ngekon mangan-mangan dhisik yen nunggu kangmasmu mengko suwe. Tumini nggandheng Sulamin lan anake gunggung loro. Tumuju meja amba sing kebak cawisan. Nalika jumangkahe ngliwati tembok cedhak televisi, Sulamin nyawang fotone awake sa tleraman. Foto sepuluh taun kepungkur nalika isih gagah. Nalika satus persene minangka pegawe negeri wis kagegem. Nganggo klambi Korpri sisan. Sadhet banjur tumancep ing pikiran ukarane simbokne: Bojomu isih krasan dadi PNS? “Krasan tekan pensiun Mbok!” semaure. Gumathok mantep ing dhadhane.

  1. Tema               : Budi Pekerti
  2. Tokoh              : Tumini
  Sulamin
  Simbokne Tumini
5.      Watak              : Tumini                       => manut karo mbokne
  Sulamin                     => manut, lucu
  Simbokne Tumini      => duweni karep sing dhuwur
6.      Latar Panggonan         : ruwang tamu, teras omah, ruwang mangan
Latar Wektu                : bakda gedhe
Latar Suasana              : mangkel, seneng, guyon, trenyuh
7.      Amanat                       : Nggawe seneng atine wong tuwa

0 komentar:

Posting Komentar